Wikipédia:Pendhapa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sugeng rawuh ing Wikipédia Jawa
bauwarna mardika abasa Jawa kang diyasa sarana gugur-gunung
kang saiki ngemu 72.431 artikel
Frangipani flowers.jpg
Kemboja utawa samboja wujud saklompok tuwuhan sajeroning marga Plumeria. Wangun wit cilik kanthi godhong arang nanging kandel. Kembangé sing arum khas banget, kanthi makutha warna putih nganti abang rada ungu, lumrahé limang lèr. Kembang kanthi papat utawa enem lèr makutha kembang déning masarakat tinentu dianggep duwé kekuwatan gaib. Tuwuhan iki asalé saka Amérika Tengah. Jeneng Plumeria diwènèhaké kanggo ngurmati Charles Plumier (1646-1706), nimpuna botani asal Prancis. Sanadyan asalé saka papan sing adoh, kemboja saiki wujud wit sing populèr banget ing pulo Bali amarga ditandur ing mèh saben pura sarta pojok désa, lan duwé kagunan wigati sajeroning kabudayan kono. Ing sapérangan papan ing Nuswantara, kalebu Malaya, kemboja ditandur ing pasaréan minangka tuwuhan pangayom lan panenger papan. Kajaba iku, kemboja lumrahé kanggo tanaman hias ing taman, ing ngarep omah utawa ing njero ruwangan kanggo dekorasi. (Waca candhaké)


Beksan Nir Corona, beksa babagan cara nyegah COVID-19 karo hand sanitizer kang diparagakaké ing Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat.

Wikipédia iku bauwarna (encyclopedia) kang cumepak ing manéka basa (multilingual) tur olèh dibesut (edit), diturun (copy), lan dipandum (share) sapa baé kanthi mardika (free). Amarga cumepak ing manéka basa, mula ana Wikipédia basa Jawa iki kang kababar ing surya 8 Maret 2004. Saben wong olèh mbesut, nurun, lan mandum kaca ing Wikipédia iki. Tegesé, kowé bisa mèlu ngripta utawa nggawé artikel anyar, ndandani artikel kang durung becik, mulihaké artikel kang dirusak, lan sapanunggalané. Wong-wong kang tumandang mangkono aran naraguna (user). Kowé bisa nyawiji karo para naraguna liya ing paguyuban saperlu nuwuhaké, ngrembakakaké, lan ngregengaké Wikipédia iki. Wikipédia iki minangka salah siji barang wetoning Wikimedia Foundation, siji pakumpulan nirlaba, kang kanggo sapa baé tur lelahanan (gratis). Kowé ora perlu mbayar saperlu nggawé akun lan maca artikel ing Wikipédia iki. Sapréné, wis ana 56.592 akun lan 72.431 artikel ing Wikipédia basa Jawa. Ayo ngéwangi mbecikaké Wikipédia Jawa iki!
15 Maret: Ides of March; Hōnen Matsuri ing Jepang