Wikipédia:Pendhapa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Sugeng rawuh ing Wikipédia Jawa
bauwarna mardika abasa Jawa kang diyasa sarana gugur-gunung
kang saiki ngemu 71.494 artikel
Kafka1906.jpg
Franz Kafka yaiku salah siji panitra basa Jerman kang wigati. Kafka lair saka kulawarga Yahudi kelas manengah ing Praha, Ostenrik-Honggari (saiki ing Céko). Karya-karya wigatiné kalebu Die Verwandlung ("Owah-owahan" 1915), Der Process ("Prosès Pangadilan" 1925) lan Das Schloss ("Kastil" 1926). Nalika dhèwèké urip, kang ndunungi Praha akèhé nuturaké basa Céko, nanging uga ana kang ndunungi kang nuturaké basa Jerman. Pamilahan antarané kang ndunungi kang nuturaké basa Céko saka kang ndunungi kang nuturaké basa Jerman iku kadadèn, jalaran rong golongan iki padha-padha ndhedhesaké jatidhiri nasionalé dhéwé-dhéwé. Komunitas Yahudi kerepé posisiné ana antarané komunitas Céko lan komunitas panutur basa Jerman. Prakara iki temtuné ngakibataké Wong Yahudi lan mligi Kafka dadi kerep mikiraké posisi awaké dhéwé. Kafka dhéwé bisa baud nuturaké basa Jerman lan basa Céko, nanging basa Jerman dianggep basa ibuné. (Waca candhaké)

Vltava river in Prague.jpg
Kali Vltava ing Praha, Céko.

Wikipédia iku bauwarna (encyclopedia) kang cumepak ing manéka basa (multilingual) tur olèh dibesut (edit), diturun (copy), lan dipandum (share) sapa baé kanthi mardika (free). Amarga cumepak ing manéka basa, mula ana Wikipédia basa Jawa iki kang kababar ing surya 8 Maret 2004. Saben wong olèh mbesut, nurun, lan mandum kaca ing Wikipédia iki. Tegesé, kowé bisa mèlu ngripta utawa nggawé artikel anyar, ndandani artikel kang durung becik, mulihaké artikel kang dirusak, lan sapanunggalané. Wong-wong kang tumandang mangkono aran naraguna (user). Kowé bisa nyawiji karo para naraguna liya ing paguyuban saperlu nuwuhaké, ngrembakakaké, lan ngregengaké Wikipédia iki. Wikipédia iki minangka salah siji barang wetoning Wikimedia Foundation, siji pakumpulan nirlaba, kang kanggo sapa baé tur lelahanan (gratis). Kowé ora perlu mbayar saperlu nggawé akun lan maca artikel ing Wikipédia iki. Sapréné, wis ana 54.370 akun lan 71.494 artikel ing Wikipédia basa Jawa. Ayo ngéwangi mbecikaké Wikipédia Jawa iki!
Dina iki