Wikipédia:Pendhapa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Sugeng rawuh ing Wikipédia Jawa
bauwarna mardika abasa Jawa kang diyasa sarana gugur-gunung
kang saiki ngemu 69.298 artikel
Potografi dijupuk saka Téléskop Njaba Akasa Hubble cedhak Bumi ing taun 2013.
Potografi dijupuk saka Téléskop Njaba Akasa Hubble cedhak Bumi ing taun 2013.
Proxima Centauri iku lintang katai abang kang manggon adohé 4,2 taun cahya (3,97×1013 km). Lintang iki ana ing rasi lintang Centaurus. Proxima Centauri tinemu nalika taun 1915 déning Robert Innes, Dirèktur Observatorium Union ing Afrika Kidul. Lintang iki wujud lintang paling cerak saka srengéngé, sanajan mbleret banget kanggo dideleng nganggo mata langsung. Leté menyang lintang paling cerak kaloro lan katelu (kang sistem lintang gandha Alpha Centauri) ya iku 0,237 ± 0,011 taun cahya (15.000 ± 700 ékan astronomi). Proxima Centauri kamungkinan wujud péranganing sistem lintang telu bebarengan karo Alpha Centauri A lan B. Amarga kacerakané, dhiamèter pojok lintang iki bisa diukur kanthi langsung, yaiku watara 1/7 saka srengéngé. Bobot isèn Proxima Centauri diprakirakaké watara 1/8 saka srengéngé, sauntara rata-rata bobot jinisé watara kaping 40é srengéngé. (Waca candhaké)

Cow on Pupers.jpg
Sapi ing Paredèn Pupers, Dartmoor, Inggris.

Wikipédia iku bauwarna (encyclopedia) kang cumepak ing manéka basa (multilingual) tur olèh dibesut (edit), diturun (copy), lan dipandum (share) sapa baé kanthi mardika (free). Amarga cumepak ing manéka basa, mula ana Wikipédia basa Jawa iki kang kababar ing surya 8 Maret 2004. Saben wong olèh mbesut, nurun, lan mandum kaca ing Wikipédia iki. Tegesé, kowé bisa mèlu ngripta utawa nggawé artikel anyar, ndandani artikel kang durung becik, mulihaké artikel kang dirusak, lan sapanunggalané. Wong-wong kang tumandang mangkono aran naraguna (user). Kowé bisa nyawiji karo para naraguna liya ing paguyuban saperlu nuwuhaké, ngrembakakaké, lan ngregengaké Wikipédia iki. Wikipédia iki minangka salah siji barang wetoning Wikimedia Foundation, siji pakumpulan nirlaba, kang kanggo sapa baé tur lelahanan (gratis). Kowé ora perlu mbayar saperlu nggawé akun lan maca artikel ing Wikipédia iki. Sapréné, wis ana 53.540 akun lan 69.298 artikel ing Wikipédia basa Jawa. Ayo ngéwangi mbecikaké Wikipédia Jawa iki!
Dina iki