Wikipédia:Pendhapa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Sugeng rawuh ing Wikipédia Jawa
bauwarna mardika abasa Jawa kang diyasa sarana gugur-gunung
kang saiki ngemu 68.581 artikel
Banyu ing telung fase: cuwèr, padhet, lan gas (minangka méga).
Banyu ing telung fase: cuwèr, padhet, lan gas (minangka méga).
Banyu iku senyawa kang wigati kanggo kabèh wangun kauripan kang dikawruhi nganti tekan saiki ing bumi, nanging ora ing planit liya. Banyu disimbolaké kanthi H2O. Cacahé banyu kang nutupi bumi ngancik 71%. Ana 1,4 triliun kilomèter kubik (330 juta mil³) ing bumi. Banyu bisa awujud gas (uwap banyu), cuwèr (banyu) lan padhet (ès). Banyu iku siji-sijiné dat kang kanthi alami ana ing lumahing bumi sajeroning katelu wujud mau. Banyu sapérangan gedhé ana ing segara (banyu asin) lan ing lapisan-lapisan ès (ing kutub lan pucuk-pucuk gunung), nanging uga bisa ana minangka méga, udan, kali, lumahing banyu tawa, tlaga, uwap banyu, lan segara ès. Banyu sajeroning obyèk-obyèk mau obah miturut sawijiné pangitiran banyu, ya iku: liwat panguwapan, udan, lan ilènan banyu ing sadhuwuré lumahing lemah (ilèn, kalebu tuk, kali, muwara) tinuju segara. (Waca candhaké)

Museo Soumaya, Ciudad de México, México, 2015-07-18, DD 12.JPG
Musiyum Soumaya ing Komplèks Plaza Carso, Kutha Mèksiko, Mèksiko. Yasan iki dhuwuré 46 mèter lan dilapisi mawa 16.000 tègel aluminium hèksagonal.

Wikipédia iku bauwarna (encyclopedia) kang cumepak ing manéka basa (multilingual) tur olèh dibesut (edit), diturun (copy), lan dipandum (share) sapa baé kanthi mardika (free). Amarga cumepak ing manéka basa, mula ana Wikipédia basa Jawa iki kang kababar ing surya 8 Maret 2004. Saben wong olèh mbesut, nurun, lan mandum kaca ing Wikipédia iki. Tegesé, kowé bisa mèlu ngripta utawa nggawé artikel anyar, ndandani artikel kang durung becik, mulihaké artikel kang dirusak, lan sapanunggalané. Wong-wong kang tumandang mangkono aran naraguna (user). Kowé bisa nyawiji karo para naraguna liya ing paguyuban saperlu nuwuhaké, ngrembakakaké, lan ngregengaké Wikipédia iki. Wikipédia iki minangka salah siji barang wetoning Wikimedia Foundation, siji pakumpulan nirlaba, kang kanggo sapa baé tur lelahanan (gratis). Kowé ora perlu mbayar saperlu nggawé akun lan maca artikel ing Wikipédia iki. Sapréné, wis ana 52.990 akun lan 68.581 artikel ing Wikipédia basa Jawa. Ayo ngéwangi mbecikaké Wikipédia Jawa iki!
Dina iki