Ostrali

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kasaraharjan Ostrali
Gendéra Lambang nagara
Antem: Atvans Australia Jauh N1
Dhémonim Australia
Papréntahan Dhémokrasi parlementer lan Monarki Konstitusional
 •  Monark Ratu Elizabeth II
 •  Gubernur-Jendral Peter Cosgrove
 •  Mahamantri Malcolm Turnbull
Kamardikan saka Karajan Manunggal
 •  Konstitusi 1 Januari 1901 
 •  Statute of Westminster 11 Dhésèmber 1931 (adopted 9 September 1939
 •  Australia Act 3 Maret 1986 
Laladan
 •  Gunggung 7.741.220 km2 (6th)
2.988.888 sq mi
Cacah jiwa
 •  Cacah sirah 2006 19,855,288
 •  Karapetan 2.6/km2 (224th)
6,7/sq mi
GDP  (PPP) Rantaman 2007
 •  Gunggung US$718.4 milyar (IMF) (17th)
 •  Per kapita US$34,359 (IMF) (14th)
GDP  (nominal) Rantaman 2007
 •  Gunggung US$889.7 milyar (AU $1.1 trillion) (15th)
 •  Per kapita US$42,553 (DFAT) (16th)
HDI (2007)Steady 0.962
Cacad: Angka HDI ora sah · 3rd
Zona wektu various N3 (UTC+8 to +10.5)
 •  Mangsa Panas (DST) various N3 (UTC+10.5 to +11.5)
TLD Internèt .aus

Ostrali iku salah sawiji nagara gedhé ing kidul. Kutha krajané yaiku Canberra. Sing ndunungi kira-kira ana 20 yuta. Ostrali gadhah nagara tanggané antarané ing sisih lor Indonésia, Timor Wétan, lan Papua Nugini, ing sisih lor-wétan Solomon Islands, Vanuatu, lan Kaledonianyar lan ing sisih kidul-wétan Selandianyar.

Dharatan Ostrali wis didunungi manungsa punjul 42,000 taun déning Padunung asli.[1] Sawisé ditekani kanthi sporadis déning para warigaluh saka lor lan sabanjuré tinemu déning wong Éropa yaiku panjelajah Walanda ing taun 1606,[2] saparo tlatah pérangan wétan sabanjuré diakoni déning Karajan Inggris ing taun 1770 lan wiwitané kanggo nampung wong ukuman penal transportation minangka péranganing koloni New South Wales, wiwit tanggal 26 Januari 1788.

Nalika cacahing kang ndunungi tansaya akèh, tlatah anyar wiwit dibukak ing abad angka 19, yaiku lima laladan otonom koloni Inggris.

Ing tangal 1 Januari 1901, enem koloni gabung dadi fédherasi, lan Kasaraharjan Ostrali banjur kawangun. Wiwit dadi fédherasi, Ostrali nganut sistem pulitik dhémokrasi liberal lan tetep sajeroning Kasaraharjan utawa Commonwealth realm. Kutha krajané yaiku Canberra, dumunung ing Australian Capital Territory (ACT). Sing ndunungi ana 21 yuta jiwa, lan akèh-akèhé ngumpul ing kutha-kutha Sydney, Melbourne, Brisbane, Perth, lan Adelaide.

Ètimologi[besut | besut sumber]

Gegambaran Port Jackson, sawijiné pelabuhan ing Kutha Sydney ing wektu kapungkur. (Saka A Voyage to Terra Australis.)

Australis, kang tegesé "sisih kidul". Legenda bab "tlatah kang ora dingertèni ing kidul" (terra australis incognita) saka jaman Rum iku wis ana ing ngèlmu géografi abad tengahan, nanging durung dhedhasar saka kawruh nyata bab bawana iki.

Sajarah[besut | besut sumber]

Artikel utama: Sajarah Australia

Pulitik[besut | besut sumber]

Gedung parlemèn ing Canberra dibukak ing taun 1988 nggantèkaké gedhong lawas kang dibuka ing taun 1927.

Kasaraharjan Ostrali iku nagara kang nganut sistem dhémokrasi konstitusional dhedhasar pamérangan kakuwasan fédheral. Wangun pamaréntahan kang dianggo yaiku Monarki Konstitusional kanthi pamaréntahan sistem parlementer. Ratu Elizabeth II iku minangka Ratu Ostrali, sawijining peran kang béda karo posisiné minangka panguasa (monarch) ing Commonwealth realm liyané. Ratu diwakili déning Gubernur Jendral ing tataran fédheral lan déning Gubernur ing tataran praja.

Mangga Pirsani[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Ostrali uga duwé lagu kabangsan, God Save the Queen (or King), kang dimainaké yèn ana karawuhan kulawarga karajan Inggris ing Ostrali. Ing acara liyané lagu kabangsan Ostrali, Advance Australia Fair, kang dimainaké.[3]
  2. ^ Basa Inggris ora duwé status resmi kanthi de jure.[4]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. Padunung Asli (Aborigin) Australia lan Asal Éropa ing Afrika - 50,000 taun kapungkur
  2. MacKnight, CC (1976).Lelaku menyang Marege: Macassan Trepanger ing Australia Lor. Melbourne University Press
  3. It's an Honour - Symbols - Australian National Anthem lan DFAT - "The Australian National Anthem"; "National Symbols" (PDF). Parliamentary Handbook of the Commonwealth of Australia (29th Edition ed.). 2002 (updated 2005). Dibukak ing 2007-06-07. Check date values in: |year= (pitulung)CS1 dandani: tèks keluwihen (link)
  4. Department of Immigration and Citizenship

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cithakan:Spoken Wikipedia-2

Cithakan:Wikimapia