Uzbèkistan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
O‘zbekiston Respublikasi
O‘zbekiston Jumhuriyati
Gendéra Lambang nagara
Sesanti: 
Antem: O`zbekiston Respublikasining Davlat Madhiyasi
Kutha krajan
lan paling gedhé
Tashkent
Basa resmi Uzbek
Papréntahan Républik
Kamardikan
 •  Banyu (%) 4,9%
Cacah jiwa
 •  Rantaman 2005 26.851.195 (42)
 •  Cacah sirah - -
GDP  (PPP) Rantaman 2005
 •  Gunggung AS$45,75 miliar (74)
 •  Per kapita AS$1.766 (154)
Valuta Som (UZS)
Zona wektu (UTC+5)
 •  Mangsa Panas (DST)  (UTC+5)
Kodhé bèl 998
TLD Internèt .uz
Tajiks of Uzbekistan.PNG

Républik Usbekistan (kadhangkala diéja Uzbekstan utawa Ozbekistan), jeneng resminé Républik Uzbekistan (basa Uzbek: O‘zbekiston Respublikasi utawa O‘zbekiston Jumhuriyati; Sirilik: Ўзбекистон Республикаси; basa Ruslan: Республика Узбекистан), iku nagara ing Asia Tengah, sing sadurungé minangka péranganing Uni Soviet. Nagara kanthi wewengkon sing kakurung dharatan iki wewatesan karo Kazakhstan ing sisih kulon lan lor; Kirgizstan lan Tajikistan ing sisih wétan; lan Afganistan lan Turkmenistan ing sisih kidul. Basa resmi siji-sijiné ya iku basa Uzbek, siji basa Turkik, nanging basa Ruslan tetep dipigunakaké, sisa paninggalan pamaréntahan Soviet. Watara 1 yuta suku Tajik, siji golongan ètnis sing isih sak rumpun karo bangsa Pèrsi, manggon ing nagara iki,[1] lan minangka 4,8% saka sing ndunungi.[2] Tembung Ozbek kawangun saka oz ("sajati/asli") lan bek ("pemimpin/bangsawan"), saéngga "Ozbek" tegesé "bangsawan" utawa "pamimpin sajati".

Sajarah[besut | besut sumber]

Artikel utama: Sajarah Uzbekistan

Wewengkon Uzbekistan wis dipanggoni wiwit milennium kaloro SM. Ana temon-temon piranti purba manungsa sarta monumen-monumen ing laladan Ferghana, Tashkent, Bukhara, Khorezm (Khwarezm, Khorasmia) lan Samarkand.

Alexander Agung naklukaké Sogdiana lan Baktria ing taun 327 SM, anggarwa Roxana, anak ketua suku Baktria. Nanging, panaklukan iki ora nulung Alexander amarga rakyat tetep nglawan, saéngga bala Alexander pungkasané kalah ing tlatah iki.

Sajeroning maabad-abad wewengkon Uzbekistan diprintah déning Kakaisaran Iran, kaya déné Kakaisaran Parthia lan Sassanian.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]