Wikipedia:Pendhapa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Sugeng rawuh ing Wikipédia Jawa
bauwarna mardika abasa Jawa kang diyasa sarana gugur-gunung
kang saiki ngemu 64.468 artikel
Pagelaran binuka kanggo balèt Ramayana Prambanan. Tontonan ing pagelaran binuka mung ginelar saka sasi Mèi tekan Oktober.
Pagelaran binuka kanggo balèt Ramayana Prambanan. Tontonan ing pagelaran binuka mung ginelar saka sasi Mèi tekan Oktober.
Balèt Ramayana Prambanan iku tontonan kang nggabungaké jogèd lan sandiwara tanpa pacelathon, ingusung saka carita Ramayana lan ginelar ing cedhak Candhi Prambanan ing Pulo Jawa, Indonésia. Balèt Ramayana Prambanan minangka balèt kang ajeg dhéwé mitontonaké balèt Ramayana wiwit taun 1961. Pamilihé wujud balèt kanggo mitontonaké wiracarita Ramayana iku amarga balèt nengenaké obahing awak kanggo mahyakaké surasa, tanpa pacelathon, mula ingajab bisa dingertèni para kang nonton saka manéka latar wuri budaya lan basa. Carita Ramayana isi bab lelakoné Rama nylametaké Sinta kang dibedhog ratu Alengka, ya iku Rahwana. Balèt Ramayana Prambanan lumrah kagelar saben dina Selasa, Kemis, lan Sabtu. Gelaran ing pagelaran binuka mung ing mangsa katiga. Kajaba iku, gelaran katindakaké ing pagelaran tinutup. (Waca candhaké)

MET DP264118.jpg
Mustaka Buda saking Afghanistan, abad kaping 5–6.

Wikipédia iku bauwarna (encyclopedia) kang cumepak ing manéka basa (multilingual) tur olèh dibesut (edit), diturun (copy), lan dipandum (share) sapa baé kanthi mardika (free). Amarga cumepak ing manéka basa, mula ana Wikipédia basa Jawa iki kang kababar ing surya 8 Maret 2004. Saben wong olèh mbesut, nurun, lan mandum kaca ing Wikipédia iki. Tegesé, kowé bisa mèlu ngripta utawa nggawé artikel anyar, ndandani artikel kang durung becik, mulihaké artikel kang dirusak, lan sapanunggalané. Wong-wong kang tumandang mangkono aran naraguna (user). Kowé bisa nyawiji karo para naraguna liya ing paguyuban saperlu nuwuhaké, ngrembakakaké, lan ngregengaké Wikipédia iki. Wikipédia iki minangka salah siji barang wetoning Wikimedia Foundation, siji pakumpulan nirlaba, kang kanggo sapa baé tur lelahanan (gratis). Kowé ora perlu mbayar saperlu nggawé akun lan maca artikel ing Wikipédia iki. Sapréné, wis ana 49.986 akun lan 64.468 artikel ing Wikipédia basa Jawa. Ayo ngéwangi mbecikaké Wikipédia Jawa iki!
Dina iki