Tepas

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Sugeng rawuh ing Wikipédia Jawa
bauwarna mardika abasa Jawa kang diyasa sarana gugur-gunung
kang saiki ngemu 63.107 artikel
Gambar bumi kang nuduhaké kaanan ing Semarang. Bètèng ing tengah dikepung wadyabala Cina lan Jawa.
Gambar bumi kang nuduhaké kaanan ing Semarang. Bètèng ing tengah dikepung wadyabala Cina lan Jawa.
Perang Jawa saka 1741 tumeka 1743 minangka cengkah mawa gaman antaraning gabungan wadyabala Cina lan Jawa lumawan Vereenigde Oostindische Compagnie (VOC) kang kalakon ing Jawa pérangan tengah lan wétan. Sapungkuring Walanda numpes 10.000-nan wong Cina ing Batawi (saiki aran Jakarta), wong-wong kang slamet banjur padha ngungsi menyang Semarang kanthi dilurahi Khe Pandjang. Sanajan wis kaweling yèn kraman bakal kalakon, pangareping militèr VOC aran Bartholomeus Visscher ora ngrèwès marang weling mau lan ora njaluk wadyabala wuwuhan. Ing wusana, Sunan Mataram kala samana kang jejuluk Pakubuwana II milih nyengkuyung para kraman Cina ngiras éthok-éthok ngéwangi Walanda. (Wacan candhaké)

Ayam Lodho Khas Tulungagung.jpg
Ayam ladha kang mligi saka Tulungagung

Wikipédia iku bauwarna (encyclopedia) kang cumepak ing manéka basa (multilingual) tur olèh dibesut (edit), diturun (copy), lan dipandum (share) sapa baé kanthi mardika (free). Amarga cumepak ing manéka basa, mula ana Wikipédia basa Jawa iki kang kababar ing surya 8 Maret 2004. Saben wong olèh mbesut, nurun, lan mandum kaca ing Wikipédia iki. Tegesé, kowé bisa mèlu ngripta utawa nggawé artikel anyar, ndandani artikel kang durung becik, mulihaké artikel kang dirusak wong ala, lan sapanunggalané. Wong-wong kang tumandang mangkono aran naraguna (user). Kowé bisa nyawiji karo para naraguna liya ing paguyuban (community) saperlu nuwuhaké, ngrembakakaké, lan ngregengaké Wikipédia iki. Wikipédia iki minangka salah siji barang wetoning Wikimedia Foundation, siji pakumpulan nirlaba, kang kanggo wong akèh tur lelahanan (gratis). Kowé ora perlu mbayar saperlu nggawé akun lan maca artikel ing Wikipédia iki. Sapréné, wis ana 47.603 akun lan 63.107 artikel ing Wikipédia basa Jawa. Ayo ngéwangi mbecikaké Wikipédia Jawa iki!
Dina iki