monggo mbiyantu nerjemahke WordPress basa jawa

Posted on by . Filed under basa jawa.

Saiki wis cumawis kanggo sapa wae sing kepengin mbiyantu nerjemahke WordPress basa jawa iki. Neng kene https://translate.wordpress.org/projects/wp/dev.

Dadi menawa Panjenengan ngrasakke tembung tembung sing dienggo neng WordPress basa jawa iki kurang prayogi Panjenengan isa maringi pamrayogi neng kono.

Menawa kepengin maringi pamrayogi kanggo WordPress sing durung njedul isa klik neng kene https://translate.wordpress.org/projects/wp/dev/jv/default

Menawa kepengin maringi pamrayogi kanggo WordPress sing uwis njedul isa klik neng kene  https://translate.wordpress.org/projects/wp/3.0.x/jv/default

Nanging kanggo maringi pamrayogi panjenengan kudu nduwe jeneng panganggo forum WordPress.org (Username forum WordPress.org).

gambar glotpress
gambar glotpress

Monggo sami maringi pamrayogi supados WordPress basa jawa punika tambah sae lan samsaya kepenak dipun agem.

Maturnuwun

ngganti basa blog WordPress standar dadi blog WordPress Basa Jawa

Posted on by . Filed under basa jawa.

Babagan ngganti basane blog WordPress standard dadi WordPress basa jawa wis tau tak tulis neng blog ku pribadi nanging iki tak baleni meneh neng kene. Amarga aku kepengin ben akeh kanca-kanca sing nganggo WordPress basa jawa iki lan iso maringi aku pamrayogi babagan basa jawa sing dienggo neng WordPress Basa Jawa iki.

Saktenane menawa Panjenengan nganggo mesin blog basa jawa sing katon ono njobo ora ketok menawa mesine nganggo WordPress basa jawa. Sing katon ono njobo lan di waca karo pamirsa ne blog panjenengan gumantung soko tema sing dienggo panjenengan. Dadi Panjenengan ora kudu ngganti tulisan-tulisan neng blog panjenengan dadi basa jawa. Menawa sakdurunge nganggo basa Inggris wis ben wae, namung mesine saiki nganggo basa jawa.

Iki carane ngganti mesin Blog panjenengan dadi basa jawa.

  1. unduhen sik file MO lan PO WordPress basa jawa neng kene  2.9, 2.9.1, 2.9.2 (pilihen sik blogmu nganggo versi WordPress sing endi)
  2. Unggahno neng folder /wp-content/language/ (menawa durung ono folder languages digawe wae)
  3. Owahono utawa dandanono berkas wp-config panjenengan
  4. Goleki tembung  define (‘WPLANG’, ”); gantinen dadi define (‘WPLANG’, ‘jv_ID’); simpen owahan berkas wp-config Panjenengan.
  5. Mlebu log meneh saiki wordpress panjenengan wis dadi basa jawa.
  6. Prayogine sakdurunge ngganti basa serepno dhisik (back up) database panjenengan mbok menawa ono sing sulaya

Moga moga kasil anggonmu ngganti basane blog dadi basa jawa.

WordPress basa Jawa wis cumawis

Posted on by . Filed under basa jawa.

Kulo Nuwun

Punika tulisan kapisan neng blog WordPress basa jawa iki.

Sakpunika WordPress nganggo basa Jawa wis cumawis neng kene. Panjenengan iso ngunduh kabeh paket WordPress basa Jawa nganggo pranala sing cumawis ono kene.

WordPress basa Jawa iki isih lagi wae lahir. Menawa dipadhakke karo manungsa isih bayi. Isih lagi sinau mlaku lan matur. Amarga isih anyar lan lagi lair akeh tembung – tembung sing durung sampurna. Menawa Sampeyan nduweni pamrayogi kanggo WordPress basa jawa iki monggo nganggo formulir kontak.

Sakdurunge WordPress basa Jawa iki wis cumawis WordPress bahasa Indonesia lan WordPress basa Sunda. WordPress basa Jawa iki nggawe WordPress tambah samsaya nyenengke amarga iso diunduh lan dienggo neng pirang pirang basa neng donya.

Monggo diunduh lan seneng- seneng nganggo WordPress basa Jawa iki.